@muhammadharfinzuhdi72: #BISMILLAH_ALHAMDULILLAH #MHZ اَسْـتـَغْـفِرُ الله رَبَّ الـْبَرَايَا اَسْتـَغْفِرُ الله مِنَ الـْخَطَايَا رَبِّ زِدْنـِيْ عِلـْمًا نـَافـِعَا وَوَافِقْ نِيْ عَمَلًا صَلِحَا يَارَسُوْلَ الله سَلَامٌ عَلَيْكَ يَارَفِيْعَ اْلشَّانِ وَاْلدَّرَجِ عَطْفَةً يَاجِيْرَةَ اْلعَلَمِ يَاأُهَيْلَ اْلجُوْدِ وَاْلكَرَمِ Ngawiti ingsun nglaras syi'iran Kelawan muji maring Pengeran Kang paring rohmat lan kenikmatan Rino wengine tanpo pitungan Duh bolo konco prio wanito Ojo mung ngaji syare'at bloko Gur pinter ndongeng nulis lan moco Tembe mburine bakal sangsoro Akeh kang apal Qur'an Hadits-e Seneng ngafirke marang liyane Kafire dhewe dak digatekke Yen isih kotor ati akale Gampang kabujuk nafsu angkoro Ing pepahese gebyare dunyo Iri lan meri sugihe tonggo Mulo atine peteng lan nisto Ayo sedulur jo nglaleake Wajibe ngaji sak pranatane Nggo ngandelake iman tauhide Baguse sangu mulyo matine Kang aran sholeh bagus atine Kerono mapan seri ngelmune Laku thoreqot lan ma'rifate Ugo hakekot manjing rasane Al Quran qodim wahyu minulyo Tanpo tinulis biso diwoco Iku wejangan guru waskito Den tancepake ing njero dhodho Kumanthil ati lan pikiran Mrasuk ing badan kabeh jeroan Mu'jizat Rasul dadi pedhoman Minongko dalan manjinge iman Kelawan Allah Kang Moho Suci Kudu rangkulan rino lan wengi Ditirakati diriyadhohi Dzikir lan suluk jo nganti lali Uripe ayem rumongso aman Dununge roso tondho yen iman Sabar narimo najan pas-pasan Kabeh tinakdir saking Pengeran Kelawan konco, dulur, lan tonggo Kang podho rukun ojo daksiyo Iku sunnahe Rasul kang mulyo Nabi Muhammad panutan kito Kang anglakoni sekabehane Allah kang bakal ngangkat drajate Senajan asor toto dhzohire Ananging mulyo maqom drajate Lamun palastro ing pungkasane Ora kesasar roh lan sukmane Den gadhang Allah swargo manggone Utuh mayite ugo ulese

muhammad harfin zuhdi
muhammad harfin zuhdi
Open In TikTok:
Region: ID
Monday 20 January 2025 15:00:53 GMT
141
7
1
0

Music

Download

Comments

muhammadharfinzuhdi72
muhammad harfin zuhdi :
#BISMILLAH_ALHAMDULILLAH #MHZ اَسْـتـَغْـفِرُالله رَبَالـْبَرَايَا اَسْتـَغْفِرُالله مِنَالـْخَطَايَا رَبِّزِدْنـِيْعِلـْمًا نـَافـِعَا وَوَافِقْنِيْعَمَلًا صَلِحَا يَارَسُوْلَالله سَلَامٌ ع
2025-01-20 15:01:38
1
To see more videos from user @muhammadharfinzuhdi72, please go to the Tikwm homepage.

Other Videos


About