@majangmejeng_: Aparat gabungan tekan Polsek Candipuro ambe Polsek Pasirian nggelar patroli skala gedhe neng jalur kidul Kabupaten Lumajang, Minggu (17/5/2026). Kegiatan iku dilakoni gawe ngantisipasi aksi begal, balap liar nganti berbagai gangguan keamanan ambe ketertiban masyarakat (kamtibmas). Patroli dipusatno neng sejumlah titik rawan kriminalitas ambe lokasi sing sering digawe nongkrong kelompok pemuda pas bengi. Nang kegiatan iku, polisi yo nglakoni pemeriksaan puluhan kendaraan roda loro ambe roda papat sing melintas neng depan Mapolsek Candipuro. Petugas mrikso kelengkapan surat kendaraan, identitas pengendara nganti barang bawaan gawe memastikan gak ono senjata tajam, minuman keras, utawa barang bahayani liyane. Kapolsek Candipuro, AKP Lugito ngomong nek patroli gabungan dilakoni minongko langkah preventif gawe mempersempit ruang gerak pelaku kriminalitas dalan, utamane neng jam-jam rawan. Saliyane pemeriksaan kendaraan, petugas yo nyisir sejumlah lokasi sing dianggap rawan digawe kumpul kelompok pemuda utawa titik sing berpotensi digawe arena balap liar. #lumajang #majang #majangmejeng
Majang Mejeng
Region: ID
Monday 18 May 2026 06:18:40 GMT
Music
Download
Comments
There are no more comments for this video.
To see more videos from user @majangmejeng_, please go to the Tikwm
homepage.