@dyry_gys: nikon versi ne mbak Kyouka Kyouka Uzen inggih punika paraga utama pawestri saking anime lan manga Mato Seihei no Slave (Jepang). Miturut cariyos aslinipun, piyambakipun njabat minangka Komandan Skuad kaping 7 wonten ing Mato Defense Force. Nalika taksih alit, kitha lairipun risak lan kulwarganipun pejah dipun-serang dening monster ingkang dipun-sebat Shuuki. Kedadosan kasebat ingkang ndamel Kyouka gadhah tekad kiyat kagem numpes sedaya monster lan gadhah cita-cita dados pangarsa tertinggi (Supreme Commander). Kyouka gadhah kasekten khusus mligi pawestri ingkang dipun-sebat "Slave". Kekiyatan menika saged ngewahi paraga jaler, Yuuki Wakura, dados wujud monster ingkang kiyat sanget kagem dipun-titihaken perang. Nanging, minangka timbal balik utawi aturan saking kekiyatan kasebat, Kyouka kedah maringi "hadiah" (balesan fisik) dhumateng Yuuki saben-saben sampun rampung nempuh perang. #gadisjawa #jawapride #kyoukauzen #matoseiheinoslave #javanese