@mbahjoko.piraang: Nalika kowe lagi nang duwur, aja nganti lali andhap asor lan aja ngremehake wong sing lagi nang ngisor. Merga urip iki kaya rodha, kadhang ana ing pucuk, kadhang ana ing ngisor. Lan nalika kowe lagi nang ngisor, aja putus asa lan aja minder. Dina iki bisa wae kowe lagi berjuang, nanging sesuk Gusti bisa ngangkat drajatmu kanthi cara sing ora disangka-sangka. Sing lagi nang duwur, sinaua ngajeni. Sing lagi nang ngisor, sinaua sabar lan tetep usaha. Merga kamulyan sejati dudu sepira duwure pangkat lan bondo, nanging sepira apik ati lan tumindake. #pituturjowo #wayangkulit #BudayaJawa #kaosjawa #mulatsarira