@catetan.wengi: Nak dungo’mu durung ndang terkabul, ojo kesusu sambat. Coba eling-eling. Biyen mangan gorengan lima, ngakune mung siji. Lha kok saiki pengin Gusti langsung percaya karo kabeh sing mbok jaluk? Kadhang sing nggawe donga durung dikabulke dudu merga Gusti ora mireng. Nanging merga Gusti isih ngajari awakmu dadi wong sing luwih jujur, luwih sabar, lan luwih pantes nampa apa sing mbok suwun. Merga wektu Gusti ora tau kesuwen. Lan jawaban saka Gusti ora tau kliru. Dungo terus. Usaha terus. Ben Gusti sing nemtokke wektu sing paling apik. — Catetan Wengi #CatetanWengi #KatakataJawa #JawaQuote #FilosofiJawa #Muhasabah