@mbahjoko.piraang: Ana wong sing bandane ora sepiro, nanging tonggo teparone rukun, lan uripe kebak paseduluran. Kuwi uga kalebu kasugihan sing ora kabeh wong nduweni. Merga bandha bisa entek. Dhuwit bisa ilang. Nanging sedulur sing tulus lan tangga sing rukun bakal dadi sandaran nalika urip lagi angel. Wong sing sugih sejati dudu mung sing kebak bandha, nanging sing uripe kebak paseduluran, kerukunan, lan rasa syukur. Mula aja minder merga urip prasaja. Yen isih nduweni sedulur sing rukun, tangga sing apik, lan ati sing tentrem, kuwi wis dadi bandha sing larang regane. #pituturjawa #wayangkulit #semar #kaosjawa #kisenonugroho