@mbahjoko.piraang: Dudu kanggo disembah. Dudu kanggo diagung-agungake. Nanging minangka pangeling supaya manungsa eling marang asal-usul lan sangkaning dumadi. Pangeling yen wiwit lair, manungsa wis diparingi amanah kanggo nglakoni urip kanthi becik, ngresiki ati, lan tansah eling marang Gusti. Kakang Kawah lan Adi Ari-ari ngelingake yen urip iki nduweni wiwitan. Sedulur Papat Kalimo Pancer ngelingake supaya manungsa luwih kenal marang awake dhewe, luwih waspada marang hawa nepsu, lan ora lali marang Sing Gawe Urip. Merga sing paling penting dudu pinter ngomong babagan piwulang iki, nanging gelem nglakoni laku becik saben dina. #pituturjawa #wongjowo #kaosjawa #sedulurpapatlimopancer