@mbahjoko.piraang: Sedulur Papat Kalimo Pancer minangka salah siji piwulang kanggo ngelingake manungsa supaya ora lali marang sangkaning dumadi. Eling saka ngendi urip iki diwiwiti. Eling yen napas, raga, lan kabeh sing diduweni mung titipan saka Gusti. Lan eling yen ing pungkasane urip, kabeh bakal bali marang Panjenengane. Yen manungsa wis eling asal-usule, ora gampang gumedhe nalika sugih, ora gampang ngremehake wong liya, lan ora gampang kesasar dening gemerlape donya. Merga sing paling penting dudu sepira dhuwure drajatmu, nanging sepira cedhake atimu marang Gusti lan sepira becike lakumu marang sapadha. #pituturjawa #wayangkulit #sedulurpapatlimopancer #kaosjawa #wongjowo