@mbahjoko.piraang: Bandha bisa gawe urip luwih kepenak. Pangkat bisa nggawa pakurmatan. Nanging ora kabeh wong sugih bisa turu kepenak, lan ora kabeh wong nduweni jabatan nduweni ati sing tentrem. Sing gawe tentrem sejati dudu akehe bandha, dudu dhuwure pangkat, nanging ati sing kebak syukur, urip sing jujur, kulawarga sing rukun, lan cedhak marang Gusti. Merga bandha mung titipan. Pangkat mung amanah. Nanging katentreman ati iku berkah sing ora bisa dituku nganggo dhuwit. #pituturjawa #wayangkulit #wongjowo #wejangan