@mbahjoko.piraang: Ora ana sing ngerti kapan bakal dipundhut Gusti. Sing enom bisa ndhisiki sing tuwa. Sing sehat bisa ndhisiki sing lagi lara. Merga pati ora nate milih umur, drajat, bandha, utawa pangkat. Mula aja mung sibuk ngumpulake bandha donya. Nanging ngumpulna uga sangu kanggo akhirat. Tandura kabecikan. Jaga lisan. Tulungana sapadha. Lan aja nganti lali ibadah marang Gusti. Merga nalika wektu wis teka, sing ngancani dudu bandha lan jabatan, nanging amal becik sing wis koktandur nalika isih urip. #bagong #pituturjawa #punokawan #kaosjawa