@mbahjoko.piraang: Yen wong wedok nesu wayah esuk, ora mesthi merga watake galak utawa kurang sayang. Bisa wae merga dheweke wis kesel dhisik. Esuk-esuk wis masak. Nyiapake sarapan. Ngurus bocah. Resik-resik omah. Mikir kebutuhan kulawarga. Tangane mung loro, nanging gaweane kaya ora ana enteke. Mula aja kesusu nesu balik. Coba rungokna. Coba tulungana. Merga wong wedok sing rumangsa dimangerteni bakal luwih tentrem atine. Elingo,bojomu dudu pembantu, nanging pasangan urip sing kudu dijaga lan diajeni. #pituturjowo #wejangan #ngajiroso #wongjowo