@mbahjoko.piraang: Manungsa mung bisa ngupaya. Nanging sing nemtokake asil tetep Gusti Kang Maha Kuwasa. Mula aja gumedhe nalika sukses. Lan aja putus asa nalika gagal. Merga kabeh kedadeyan ana ing kersane Gusti. Tetep kerja sing sregep. Tetep donga sing temen. Tetep andhap asor. Merga kuwatmu dudu merga awakmu dhewe, nanging merga Gusti isih maringi daya, kesehatan, lan kesempatan. “Ora ana daya lan upaya kejaba saka pitulungé Gusti.” Yen ati tansah eling marang Panjenengane, insyaallah saben langkah bakal luwih tentrem lan berkah. #pituturjawa #wejangan