tamatama :
kadang sing tak pengeni raiso tak nduweni, kadang sing tak karepne malah ora sesuai karo karepku. ono kalane aku wis ngarep banget, wis nyoba sak isoku, nanging pungkasane tetep kudu nompo yen ora kabeh sing tak karepne bakal dadi duwekku. seko kono aku mulai ngerti, jebule sinau paling angel kuwi dudu sinau kanggo entuk opo sing tak pengeni, nanging sinau kanggo nerimo nalika kenyataan ora sesuai karo harapan, sinau ikhlas nalika kudu ngeculke sesuatu sing sakjane isih pengen tak pertahanke, lan sinau legowo nalika kudu ngerti yen mungkin pancen dudu dalanku. ora gampang, kadang iseh tak pikirke, isih tak sesali, malah sok tak takoni ngopo kudu koyo ngene. nanging soyo sui aku ngerti, mungkin ora kabeh sing tak karepne iku apik kanggo aku, lan ora kabeh sing ilang iku kudu disesali. saiki aku mung pengen belajar percaya, yen opo sing dadi bagian seko uripku bakal tetep nduweni dalan kanggo bali, lan apa sing pancen kudu lungo, ya kudu tak ikhlaske. senajan angel, aku pengen terus sinau nerimo, ikhlas, lan legowo, amarga mungkin seko kabeh sing ora sesuai karo karepku iki, aku lagi diajari dadi luwih dewasa lan luwih ngerti arti bersyukur.
2026-10-04 10:31:53