@diptanjng: Mekaten wau asal-usul Wayang Turonggo Yakso ingkang sampun dipunandharaken dening Ki Bryan Arfirsta Hendro broto Cariyos menika paring piwulang saha pangeling-eling dhateng kita sedaya, bilih “Mungsuh ingkang paling ageng tumrap manungsa kadhangkala sanes tiyang sanes, nanging sipat awon ingkang wonten ing salebeting dhirinipun piyambak.” Saking cariyos menika, kita saged pikantuk kawruh enggal, ingkang rumiyin dereng kita mangertosi, samenika dados mangertos. Wayang Turonggo Yakso sanes namung minangka tontonan, nanging ugi ngemot nilai-nilai luhur, kados ta kawontenan wani, guyub rukun, saha perjuangan kangge nglawan tumindak awon. Kajawi menika, Wayang Turonggo Yakso ugi minangka warisan budaya saking Trenggalek ingkang kedah kita uri-uri lan kita lestantunaken. Mekaten asil wawancara saking kelompok X Kuliner A, SMKN 2 Trenggalek, ingkang anggotanipun: 1. Amilla Maulinawati 2. Arsandia Putri Wardani 3. Dhifta Mara Ayuning Siwi 4. Dila Puspitasari Matur nuwun sanget dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa mirsani video menika dumugi pungkasan. Mugi-mugi kawruh ingkang sampun kita pikantuk saged migunani tumrap kita sedaya. Minangka tiyang Jawi, sumangga kita tansah nguri-uri kabudayan Jawi, njagi basa Jawi, saha nglestantunaken warisan leluhur supados boten ical ing wekdal samangke. #smkn2trenggalek #jawapride @wayang_petarung
𝒅𝒊𝒑_𝒕𝒂
Region: ID
Saturday 10 October 2026 00:39:54 GMT
Music
Download
Comments
There are no more comments for this video.
To see more videos from user @diptanjng, please go to the Tikwm
homepage.