@obrolankeris: Pranatan Ringgitan Wenten Saklebeting Karaton Duk Nalika Sampeyandalem Ingkang Sinuhun utawi Kangjeng Gusti Adipati Miyos. Tabe tabe Sajatosipun wenten pranatan baku ingkang pun serat babagan tata rakit Ringgitan wenten saklebeting Karaton (sanadyan boten jangkep) utaminipun Ingkang Sinuhun utawi Gusti Adipati miyos. Kadosta seratan M.Ng. Nayawirangka (nadyan misuwur nyerat bab dhuwung, piyambakipun ugi nyerat bab padhalangan) saking Karaton Surakarta ingkang nyerat Serat Tuntunan Padhalang. Sak perangan tata rakit ingkang kedah pun lampahi inggih punika sadaya pangrawit/niyaga kedah ngadepaken kelir amargi Sinuhun wonten sak ngajengipun. Sedaya pangrawit utawi niyaga boya kepareng ngungkuraken Sampeyandalem ingkang Sinuhun utawi Gusti Adipati. Sanadyan Ingkang Sinuhun utawi Kangjeng Gusti Adipati boten miyos tetep dipun sumadyaaken palenggahandalem sak ngajenge kelir. Ngajeng kelir niki inggih punika bageyan ingkang mrisani wewayangan. Saklajengipun kapetik sangking Serat Sastra Miruda, bilih duk nalika Limbukan medaling Limbuk sarta Cangik boten pareng ngrasani ingkang kagungan damel nun inggih Karaton utawi Kadipaten. Ngrasani menika ateges ngucapaken bab bab ingkang kirang prayogi wonten saklebeting kraton. Ilustrasi: Ngarsadalem Ingkang Sinuhun Sultan Hamengkubuwono X miyos miyos dalem mrisani ringgitan saklebeting Tratag Prabayeksa. #wayangkulit #wayang #kratonjogja #kratonsolo #pusaka

OBROLAN KERIS
OBROLAN KERIS
Open In TikTok:
Region: ID
Tuesday 20 October 2026 01:17:41 GMT
6487
575
20
26

Music

Download

Comments

dias.fauzi1309
Fauzi Dias Susetya :
Ladrang Prabu Mataram Laras Slendro Pathet Sanga Ringgitan Bedhol Songsong Mulud Dal 1957 Kagungan Dalem Gangsa K. K. Surak (slendro) & K. K. Kancil Belik (pelog) Kagungan Dalem Kothak Ringgit Swargen
2026-10-20 02:35:46
6
arrippw
arpppp :
ini kapan nggih mas?
2026-10-20 02:45:14
0
riiiifannn_y
ffffffffnyyyyyyy :
admin mau tanya, kalau di Surakarta ada catatan bahwa Sunan PB IV seringkali mendalang secara langsung, apakah di Jogjakarta juga ada catatan soal Sultan HB yang jumeneng pernah mendalang secara langsung mas?
2026-10-20 03:38:23
7
handokooo123
handoko :
Itu nanti gendingnya langsung suwuk nanti dilanjutkan lagi gak kak?
2026-10-20 06:35:34
0
To see more videos from user @obrolankeris, please go to the Tikwm homepage.

Other Videos


About